Neptu Dina lan Pasaran Miturut Pitungan Jawa
Wiwit jaman kuna para leluhur kita wus nate nilari ilmu, kang disusun
anaing Kitab Betaljemur Adammakna. Salah sawijine ilmu mau yaiku petungan neptu
dina lan pasaran. Kagone wong Jawa neptu dina lan pasaran iku duweni wigati
kang gede. Ora mung sadremo kango mengerteni jumlahe pitungan neptu, uga saka
neptu iku wong Jawa bisa mengerteni sifate, rejekine, apse, lan liya-liyane.
Ing Rubrik
Bahasa Jawa, redaksi babareken wedaran Kitab Betaljemur. Kitab punika babon
aslinipun kagungan dalem Kanjeng Pangeran Harya Tjakraningrat, lajeng kaimpun
dening R.Soemodidjojo.
Kitab punika
ngemu isi ngewrat ilmu-ilmu Jawi titilaranipun leluhur ing jaman kina. Wajib
kita pepetri amargi nyata bilih ilmu-ilmu ingkang kasebut ing primbon punika
dados kabetahaning ngagesang ing sadinten-dinten.
Ingkang
pembuka bade kawedar babagan neptu dina pasaran miturut petangan Jawi. Inggih
punika;
Petangan
dina :
Akad neptu
5, Senin 4, Selasa 3, Rebo 7, Kamis 8, Jumat 6, Setu 9.
Petangan
pasaran :
Kliwon neptu
8, Legi 5, Pahing 9, Pon 7, Wage 6.
Petungan
sasi lan taun,
Yen sasi
Suro neptu 7, Sapar 2, Rabinguawal 3, Rabiungakhir 5, Jumadilawal 6,
Jumadilakhir 1, Rejeb 2, Ruwah 4, Pasa 5, Sawal 7, Dulkaidah 1, Besar 3. Taun
Alip neptu 1, Ehe 5, Jimawal 3, Je 7, Dal 4, Be 2, Wawu 6, Jimakir 3.
Dina ala lan
ala banget
Dina ala iki
ora kena kanggo lelungan lan liya-liyane, yaiku Akad Paing, Setu Pon, Jumuah
Wage, Selasa Kliwon, Senin Legi lan Kemis Wage. Dina kang ala banget, Rebo
Legi, Akad Paing, Kemis Pon, Selasa Wage lan Setu Kliwon.
Warsa (taun)
kang ora kena kanggo mantu lan sapadhane, pitunge ajeg tiba saben tanggal 29
utawa 30 sasi Besar. Yen tiba taun Alip ana ing dina Setu Paing, taun Ehe
dinane Kemis Paing, Jimawat dinane Senen Legi, Je dinane Jumuah Legi, taun Dal
tiba dina Rebo Kliwon, taun Be tiba dina Akad Wage, taun wawu dinane Kamis Pon,
taun Jimakir tiba dina Slasa Pon.
Sangaring
warsa (taun)
Uga ora kena
kanggo mantu lan sapadhane, pitunge ajeeg tiba tanggaping warsa let 3 dina,
(saben sasi Suro tanggal 3). Yen tiba tahun Alip dinane Jumuah Legi, Ehe tiba
Slasa Kliwon, Jimawal dinane Akad Kliwon, Je dinane Kemis Wage, taun Dal dinane
Senin Pon, Be tiba dina Setu Legi, Wawu Rebo Paing lan Jimakir tiba dina Akad
Legi.
Sasi kang
rahayu, becik kanggo samubaranggawe kang perlu.
Yen tiba
sasi Besar, Sura, Sapar dinane Rebo, Kemis. Sasi Mulud, Rabingulakir lan
Jumadilawal dinane Jumuah. Sasi Jumadilakir, Rejeb lan Ruwah dinane Setu, Akad.
Sasi Pasa, Sawal, Dulkaidah dinane Senen lan Slasa.
Sasi Sarju,
yaiku sasi kang sedeng kanggo samubaranggawe. Yen tiba sasi Besar, Sura, Sapar
dinane Jumuah. Mulud, Rabingulakir, Jumadiiilawal dinane Setu, Akad,
Jumadiilakir, Rejeb, Ruwah tiba dina Senen, Slasa.. Sasi Pasa, Sawal lan
Dulkaidah diinane Rebo, Kemis. (sis)
Sangaring Tanggal
Sangaring tanggal kang prayoga disirik samubarang gawe kang perlu.
Sangaring tanggal kang prayoga disirik samubarang gawe kang perlu.
Sasi
|
Tanggal
|
Dina
|
Kadadeyane Taliwangke
|
Sura
|
17,27,11,14
|
Rebo paing
|
Luwih gedhe rubedane
|
Sapar
|
12,22, 1,20
|
Kemis pon
|
Sinung lara kesandung
|
Mulud
|
13,23,10,15
|
Jum’ah wage
|
Sinung lara weteng
|
Bakdamulud
|
15,25,10,20
|
Saptu kliwon
|
Larane lunga teka
|
Jumadilawal
|
16,26,10,11
|
Senen kliwon
|
Sinung lara bebalung
|
Jumadilakir
|
11,21, 3,14
|
Selasa legi
|
Sinung lara owah
|
Rejeb
|
2,22,11,12
|
Rebo paing
|
Sinung klebon wisa
|
Ruwah
|
14,24,19,28
|
Kemis pon
|
Kena wisane dhewe
|
Pasa
|
15,25,10,20
|
Jum’ah wage
|
Sinung lara mata
|
Sawal
|
17,27, 2,20
|
Saptu kliwon
|
Gung kena perkara
|
Dulkangidah
|
11,21, 6,12
|
Senen kliwon
|
Sinung gring kapit
|
Besar
|
13,23, 1,20
|
Selasa legi
|
Gung kasusahan
|
Petung Pasatohan salaki rabi
Petungan panganten lanang lan wadon, neptune dina lan pasaran digunggung banjur kabagi 9, lanang turah pira wadon turah pira.
yen turah :
Petungan panganten lanang lan wadon, neptune dina lan pasaran digunggung banjur kabagi 9, lanang turah pira wadon turah pira.
yen turah :
Turah
|
Keterangan
|
Turah
|
Keterangan
|
1 lan 1
|
becik kinasih
|
4 lan 4
|
kerep lara
|
1 lan 2
|
becik
|
4 lan 5
|
akeh rencanane
|
1 lan 3
|
kuat,adoh rejekine
|
4 lan 6
|
sugih rejeki
|
1 lan 4
|
akeh bihahine
|
4 lan 7
|
mlarat
|
1 lan 5
|
pegat
|
4 lan 8
|
akeh pangkalane
|
1 lan 6
|
adoh sandhang pangan
|
4 lan 9
|
kalah siji
|
1 lan 7
|
sugih satru
|
5 lan 5
|
tulus begjane
|
1 lan 8
|
kasurang-surang
|
5 lan 6
|
cepak rejekine
|
1 lan 9
|
dadi pangautan
|
5 lan 7
|
tulus sandang pangane
|
2 lan 2
|
slamet, akeh rejekine
|
5 lan 8
|
akeh sambekalane
|
2 lan 3
|
gelis mati siji
|
5 lan 9
|
cepak sandang pangane
|
2 lan 4
|
akeh godang
|
6 lan 6
|
gedhe bilahine
|
2 lan 5
|
akeh bilahine
|
6 lan 7
|
rukun
|
2 lan 6
|
gelis sugih
|
6 lan 8
|
sugih satru
|
2 lan 7
|
anake akeh mati
|
6 lan 9
|
kasurang-surang
|
2 lan 8
|
cepak rejekine
|
7 lan 7
|
ingikum maring rabine
|
2 lan 9
|
akeh rejekine
|
7 lan 8
|
nemu bilahi saka awake dhewe
|
3 lan 3
|
mlarat
|
7 lan 9
|
tulus palakramane
|
3 lan 4
|
akeh bilahine
|
8 lan 8
|
kinasih dening wong
|
3 lan 5
|
gelis pegat
|
8 lan 9
|
akeh bilahine
|
3 lan 6
|
oleh nugraha
|
9 lan 9
|
giras rejekine
|
3 lan 7
|
akeh bilahine
|
||
3 lan 8
|
gelis mati siji
|
||
3 lan 9
|
sugih rejeki
|
Keterangan :
Saumpama weton panganten lanang Jumuah Kliwon neptune 6 + 8 = 14 , kabagi 9, turah 5.
Weton panganten wadon Jumuah Paing, neptune 6 + 9 = 15, kabagi 9 turah 6.
Dadi 5 lan 6 tiba cepak rejekine, iku becik.
Saumpama weton panganten lanang Jumuah Kliwon neptune 6 + 8 = 14 , kabagi 9, turah 5.
Weton panganten wadon Jumuah Paing, neptune 6 + 9 = 15, kabagi 9 turah 6.
Dadi 5 lan 6 tiba cepak rejekine, iku becik.
Petung
salaki rabi
Wetone
panganten lanang wadon, neptune dina lan pasaran digunggung, banjur kabagi 4,
turah pira.
- Yen turah 1 tiba Gentho yaiuku larang anak.
- Yen turah 2 Gembili, sugih anak,
- Yen turah 3 Sri, sugih rejeki lan
- Yen turah 4 tiba Punggel, mati salah siji
Keterangan :
Saumpama wetone panganten lanang Jumuah Pon, neptune 6 + 7 = 13.
Penganten wadon Kemis Paing neptune 8 + 9 = 17.
Gunggung 13 + 17 = 30, kabagi 4 turah 2 tiba gembili, sugih anak.
Saumpama wetone panganten lanang Jumuah Pon, neptune 6 + 7 = 13.
Penganten wadon Kemis Paing neptune 8 + 9 = 17.
Gunggung 13 + 17 = 30, kabagi 4 turah 2 tiba gembili, sugih anak.
No comments:
Post a Comment