1.
PAMBUKA
·
Kasugengan,
rahmat saha berkahing Allah SWT mugi tansah kajiwa kasarira sagung tamu minulya
·
Para sesepuh, para pinisepuh, para pepundhen ingkang satuhu luhuring budi
·
Para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagri pinangka pandam
pandoming kawula dasih
·
Sagung tamu minulya mliginipun baraya ageng kadang besan ingkang satuhu
kinurmatan
·
Kadang wredha miwah taruna ingkang dhahat trinesnan
·
Inggih awit mundhi dhawuh igkang hamengku gati nun inggih Bapak/Ibu ………..
kula kapitados ndherekaken lampahing adicara prasaja ing ri kalenggahan punika.
·
Wondene wigatosing sedya ing dinten menika Panjenenganipun Bapak/Ibu
……………………. …………………….hamboyong putra pinanganten sarimbit nun inggih …………………….
Kaliyan ………………..putra-putrinipun Bapak/Ibu ……………………. Saking laladan ……………………inggih awit saking donga pangestunipun
sagung tamu minulya ing dinten ingkang
sampun kawuri kekalihipun sampun
kawiwaha dhaup sah manut angering agami miwah negari, ndungkap dinten menika
kaleres sepekenipun risang temanten sarimbit.
·
Sagung tamu minulya salajengipun keparenga kula ngaturaken urut reroncening
adicara ingkang sampun rinancang dening sagung sadaya kulawarga
2.
RANTAMAN ADICARA
·
Pambuka
·
Atur pambagya
harja
·
Atur pangandikan
saking kadang besan
·
Atur panampi
·
Jawat Asta (kembul bojana andrawina)
·
Panutup
Sagung tamu minulya minangka pambukaning
pahargyan ing wekdal punika sumangga
kula lan panjenengan sami tumungkul ngonjukaken pandonga wonten sahandhap pepadaning Gusti ingkang
hakarya Loka mugi salwiring gati purwa,
madya, wasana tansah kalis ing rubeda , rahayu ingkang tansah tinemu kanthi
ndengonga manut satataning panembah sowang-sowang. Dhumateng ingkang ngrasuk
agami Islam kula dherekaken maos Basmalah, wondene ingkang hangrasuk agami
sanes mugi kajumbuhna kaliyan gegebengan panjenengan. Sumangga kula dherekaken
…………………………………………………………………………………
3. Atur Pambagya Harja
·
Sagunging para
sepuh, pinisepuh, miwah sagung tamu undhangan ingkang satuhu dhahat kinormatan, ngancik titi
laksana saklajengipun inggih menika atur pambagya raharja yuwana saking
panjenenganipun ingkang hamenggu Gati Bapa ……………………………sekaliyan. Namung, labet
saking bombong berawaning penggalih awit nguningani rawuhipun sagung tamu
minulya, Bapa ……………………….. sekaliyan ngantos boten kuwawa nyalirani matur
piyambak wonten ngarsa panjenengan sami, saengga kepeksa minta sraya dhumateng
Bapa …………………………………pinangka talanging basa
ingkang hamengku gati. Dhumateng ngarsanipun Bapa ……………………………. Wekdal
saha sasana wicara kaaturaken
…………………………………………………………….
·
Matur nuwun dhumateng panjenenganipun Bapak …………………. Ingkang sampun
kepareng hamakili kulawarga Bapak ……………………….ngaturaken pambagya rawuhipun
sagung tamu minulya
4.
SRAH
TINAMPI
·
Bapak ibu, sagung tamu minulya, adicara ingkang angka …………………………. Inggih
punika pangandikan saking kulawarga kadang besan, ingkang badhe dipun aturaken
dening panjenenganipun Bapak………………………. Dhumateng
panjenenganipun Bapak ……………… wekdal saha pandaya wara kaaturaken.
………………………………………………………………………
·
Makaten pangandikan saking duta saraya kadang besan aturipun Bapak
………………………… gya tinampi Bapa ………………………..
pinangka wakilipun Bapak ………………………. Ingkang hamengku gati. Dhumateng
ngarsanipun Bapak …………………………. Wekdal saha sasanawara kaaturaken sumangga.
·
Matur nuwun kaaturaken dhumateng ngarsanipun Bapak ………………… ingkang sampun
hamakili Bapak ……………………. Hanampi pangandikan saking kadang besan.
5.
JAWAT
ASTA – KEMBUL BOJANA
·
Sagunging para
tamu kakung miwah putri ingkang dhahat kinormatan, sampun lenggah jajar sri
pinanganten sarimbit esthining penggalih namung setunggal nyuwun tambahing donga pangestu dhumateng ngarsanipun para
pinisepuh, para pepundhen, sumarambah sagung tamu minulya mugi-mugi anggenipun
napak bebrayan enggal sageda atut runtut rerentengan
·
pindha mimi amintuna dadosa kulawarga ingkang sakinah
mawadah warahmah, miwah enggala pinaringan talining palakrama ingkang awujud
pratima ingkang bangki tata jalma nenggih putra-putri ingkang sholeh-sholehah
·
Pinangka cihna paring panjurung
donga miwah pangayubagya dhumateng
risang temanten sarimbit miwah tiyang
sepuhipun, sagung tamu minulya kalilan
paring jawat asta .
·
Sasampunipun para tamu paring donga
pangestu wilujeng dhumateng risang
temanten sarimbit, awit kersanipun Bapak saha Ibu …………………… panjenengan kasuwun
dhahar kembul bojana handrawina kanthi mardikaning penggalih.
·
Para tamu ingkang dhahat
kinormatan , sasampunipun kapenggalih cekap saha badhe ngersakaken kondur,
Bapak saha Ibu …………………. Ndherekaken sugeng kondur, mugi-mugi tansah jinangkung
karaharjan ngantos dumugi ndalem sowang-sowang . Sepisan malih Bapak saha Ibu
………………… ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami, awit rawuh panjenengan
sedaya.
6.
ATUR
SESUKAN
·
Sagunging para tamu kangge hamiyak sepining swasana
miwah hangregengaken pawiwahan prasaja ing siyang menika Bapak saha Ibu ……………
kepareng nyugatakaken elekton tunggal
saking ……… ingkang dipun pangarsani ………… kanthi swarawati ……………………………………………………………………………..........
Pramila sumangga sugeng nglaras
kanthi sekeca
Ugi bok bilih wonten para kadang
ingkng kepareng badhe paring pisumbang sekar/lagu/ tetembangan: Campursari,
ndhangdhut, Pop , keroncong lan sanes-sanesipun elekton tunggal …………………………………
tansah sawega ing gati.
7.
PARIPURNA
Sagunging para pepundhen, para sepuh, pinisepuh
ingkang minulya. Purwa, madya dumugi wasana pawiwahan sampun ndungkap
paripurna. Awit saking menika, Bapak saha Ibu …………………………………….ngaturaken
agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng sedaya para kadang ingkang
sampun kersa paring panjurung panyengkuyung murih rancaging adicara ing siyang
menika. Mbok bilih Bapak saha Ibu ……………………………. Kirang tanggap, tangguh, gupuh,
aruh miwah suguh anggenipun nampi rawuh sagung tamu minulya kersaa panjenengan ngluberaken samodra pangaksami.
Semanten ugi kula ingkang kadhawuhan hanglantaraken titi laksana, tartamtu
kathah cewedipun kepara kirang mranani penggalih kula namung saged matur;
“Tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta sedaya lepat kawula. Pungkasaning atur : Hayu-hayu Rahayu
Niskala Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
No comments:
Post a Comment