A. WERDINING PANATACARA
Pranatacara yaiku paraga kang duwe
jejibahan/tugas nata lan nglantarake
acara/titilaksana ing upacara adat (manten,
sripah, lsp) utawa pasamuwan/ pertemuan kang asipat resmi/formal. Dadi lugune
jejibahan atur palapuran (protocol) tumrap cak-cakaning utawa lakuning adicara.
Nanging kagawa beda-bedaning jaman, papan lan kahanan tumraping upacara siji
lan sijine mula ayahan pranatacara dadi mingsad-mingsed, malah uga dadi rowa
(luas). Mula ayahane pranatacara banjur bisa dadi : speaker, reader, announcer, dhalang, director, manager, trainer,
sutradara, assistant, master of ceremony, orator.
B. ISTILAH/BEDHAHAN
Sebutan liya kanggo pramatacara yaiku :
panatacara, panata adicara, pranata adicara, juru wicara, juru paniti laksana,
pranata titilaksana, protokol, pengacara,
pembawa acara, juru imbau, master of ceremony (MC).
C. CECAWIS
SANGU-SANGUNING PRANATACARA
1.
Sangu Pokok
a.
Oleh Swara
Swara pinangka srana babaraning
basa kudu kaudi supaya ulem, kung, dekung,
membat mentul, kepenak
dirungokake.
Ø Kedaling
swara (metune swara) : tuladha ngeja abjad Jawa
Ø Ucapan;
tuladha : rasa-rasane, utama-utamane, manis –manise, pendeng, rendheng,
petel-pethel, lsp.
Ø Lagu (wirama)
Nyakup sora-lirih,
panjang-cendheking swara, membat mentul, rikat-rindhik, lan lak-luking swara.
Lagu
tumrape basa Jawa dirani dekung
b.
Olah Basa
lan Sastra
Ulah Basa lan Sastra
Basa
kang digunakake pranatacara: bener, pener, becik, endah, lan
gampang ditampa. Basa kang becik yaiku basa kang trep
panganggone.
Supaya trep kudu ngeling:
Ø Sapa sing guneman
Ø Sapa sing tumanggap wawan gunem/audiens
Ø Sapa /apa sing digunem
Ø Kepriye swasanane (wektu, papan, kahanan)
Dene kawruh kasusastran nyakup: pepindhan, panyandra,
wangsalan,
parikan, tembang,
purwakanthi Pewayangan, kawruh
karawitan/gendhing-gendhing upacara manten, lsp.
2. Sangu Tambahan
a.
Olah Busana
Pranatacara kudu bisa ngadi busana
kang bener lan pener, murwat,
laras karo kahanan, rapi, lan
tumata panatane.
b.
Olah Raga : Prinsip Sapta-Ma
Ø MAGATRA
, Bleger wewujudan, rupa, adi ing sarira, edi ing busana; trep, pantes, luwes,
jangkep.
Ø MALAKSANA,
Tindak sapecak, sajangkah ditata runtut, luwes mrabawa; manteb; ora
ingah-ingih, ora wigah-wigih.
Ø MAWASTHA,
Ngadeg jejeg, ora kendho, ora dhoyong, sikil kiwa-tengen ora kekamban utawa
keciyuten
Ø MARAGA,
Ora rongeh, ora edheg, ora gumeter, anteb anteng, obahing awak, sirah, gulu
lumrah samadya, obah-owahing pasemon (raut muka) nggambarake ati.
Ø MALAGHAWA,
Trampil trengginas, ora remben, ngleler, ora angas gas-gasan. Cag-ceg, lancer, gancar, sembada ing karya.
Ø MATANGGAP, Tanggap ing
swasana (tahu situasi dan kondisi) , bisa girang gumbira, mesem ngguyu marang
kang antuk kabegjan kanugrahan, bisa kucem luyu, susah sedhih belasungkawa
marang kang nandhang dhuhkita.
Ø MAWWAT, tanggap,
tangguh, tanggon prapteng ngendon; mrantasi lan ngentasi gawe saka wiwitananing
acara nganti pungkasan.
3. Sangu Penyengkuyung
a. Mental : amrih mentale kandel kudu akeh gladhen,
biasa ngadhepi wong akeh (forum), siap materi
b. Sekolah,
kursus, maca buku bab pranata adicara
c.
Gladhen : pranatacara kudu sregep gladhen micara murih wegig, besus
micara
d. Pangrengga
swara (sound system) : MC kudu
sesambungan karo pangrengga swara bab tata papan, urutan gendhing, sasmita
gendhing, lsp.
e.
Kasamaptaan (sumadhiya ing dhiri
sawega ing gati) : Pranatacara
kudu siap sawanci-wanci ditimbali dening pawongan kang ngersakake murih ora
nguciwani, samapta ing raga, busana, basa an wicara.
f.
Mitra tembayatan (relasi) : kayata perias, Wedding Orgnyzer, catering,
fotografer, lsp
D. CENGKORONGAN BAKU
WICARA PRANATACARA
1. Pambuka
·
Salam pambuka
·
Sapa aruh marang tamu
·
Muji syukur mring Pangeran
2. Maosake rantamaning
adicara
3. Nyuwun
gungan supaya tamu kersa njenengi adicara saka purwa, madya tumeka wasana
4. Ngaturake
adicara siji mbaka siji kanthi wijang
5. Panutup
·
Nyuwun pangapura yen ana cewed lan luput anggone
ngacarani (kalebu nyuwunake pangapura sing hamengku gati/ panitya)
·
Nderekake ndedonga panutup
·
Salam panutup
E. TULADHA RANTAMAN
ADICARA
1. Rantaman Adicara Rapat
Pemudha Rembag 17-an
·
Kaping sepisan,
pambuka
·
Kaping kalih, Atur pambagya
saking Ketua Pemudha
·
Kaping tiga , rembagan bab
pengetan 17-an
·
Kaping sekawan, panutup
2. Rantaman Adicara Rapat Pemudha
·
Pambuka
·
Atur Pangandikan
Ø Atur pangandikan Bp.
Ketua RW
Ø Atur pangandikan Ketua
Pemudha
·
Pirembagan program kegiatan
·
Mancawarni (gantine tembung: Lain-lain ing Basa
Indonesia)
·
Panutup
3. Rantaman Adicara Rapat
RT
·
Sapisan, pambuka
·
Kaping kalih atur pambagya saking
Bapak Ketua RT
·
Kaping tiga, Rembag rukun warga
sinambi asok dana saben wulan dhumateng paraga kahartan (Bendahara)
·
Kaping sekawan, arisan
·
Kaping gangsal, palaporan
·
Kaping enem, panutup
4. Rantaman Adicara
Kesripahan
·
Ingkang sepisan, pambuka
·
Ingkang kaping kalih, atur
panuwun kulawarga
·
Ingkang kaping tiga, atur bela
sungkawa saking para takziah
·
Ingkang kaping sekawan donga angkating
layon
·
Ingkang kaping gangsal panutup
5. Rantaman
Adicara Penganten Prasaja (Sederhana/climen)
·
Pambuka
·
Atur Pambagya harja
·
Pasrah saha panampi calon
penganten kakung
·
Ijab qobul
·
Sumene/ sigeg ( gantine tembung : istirahat)
·
Pengaosan utawi wasitatama
·
Panutup
F. CAK-CAKANE
1. Panatacara wis rawuh ing
dhapukan panitya, supaya ngerti cengkorongan (garis besar) acara
2. Rawuh ing patemon sabanjure, murih
ngerti :
ü Rantaman
umum mungguh lakuning prastawa
(peristiwa)
ü Rantaman
mligi (khusus) kang ana sambung rapete karo ayahan panatacara
3. Ngerti kepara apal
urut-urutaning adicara
4. Ngerti kanthi cetha adicara siji lan sijine. Lire ngerti peprincene:
ü Adicara apa
ü Sapa sing tanggung
jawab
ü Sapa sing nindakake
ü Kepriye cak-cakane
ü Ubarampene (peralatan)
apa wae
ü Kapan wancine
5. Panatacara bisaa ngacarani kabeh
adicara kanthi apal tanpa teks
6.
Panatacara bisa mratelakake/nyebutake bab-bab kang magepokan karo adicara
kanthi bener,
pener lan jangkep (lengkap)
7.
Panatacara melu ngenut (mengikuti)
lakuning saben adicara
8.
Panatacara tumanggap lan nuhoni karepe sing hamengku karsa
9.
Panatacara tumanggap lan nyembadani tuntunan pangarsa panitya
10. Panatacara tansah koordinasi
karo paraga liyane
11. Panatacara tansah gawe reseping panggung/arena
12. Panatacara tansah gawe tumataning ubarampe pahargyan
13. Panatacara bisa gawe sengseming para tamu
14. Panatacara njumbuhake
(menyesuaikan) metune pasugatan unjukan,
dhaharan lan hiburan
15. Panatacara bisaa amurba swasana (tanggap akan situasi dan kondisi)
1.
UPACARA RUWATAN BARAYA AGENG KI SARWITO SUWARNO
23
Desember 2010
Para pepundhen ingkang dhahat pinundhi-pundhi
Para sesepuh, pinisepuh ingkang pantes sinudarsana
Bapak-ibu, kadang wredha, miwah kadang taruna
ingkang dhahat kinurmatan
Mugi rahayu ingkang tansah pinanggih.
Sugeng pinanggih mugi kabagaswaran tansah kajiwa
kasalira ing jiwangga kula lan
panjenengan sedaya
Ing dalu punika Bapak Sarwito Suwarno ujubing
sedya kepareng hanindakaken adat
widi-widana ingkang sinengker ing Dhusun Kutuwates ngriki, nenggih Upacara Ruwatan Sukerta. Wondene upacara ruwatan ing
dalu punika kanthi hambabar pagelaran ringgit purwa sedalu natas kanthi lampahan
Murwakala ingkang badhe katindakaken dening dhalang Ki Sugito saking Ngadisari, Karangmojo, Weru, Sukoharjo, dalah dipun sengkuyung
dening dhalang Ki Suratno, M. H. saking Semarang, miwah dhalang
cilik Cendhekia saking Surakarta, Jawa Tengah.
Bapak-Ibu ingkang satuhu dhahat kinurmatan, ing
dalu punika Ki Dhalang …………………………………..
Pinitados bapak Sarwito Suwarno kinen hangruwat :
1. Putra-putri
Bapak Sarwito Suwarno ingkang gunggungipun wonten 9, Kakung 4, Estri 5, kaleres
wuragilipun kembar.
2. Putra-putrinipun
Bapak Drs. Suyoto/ Ibu Iswanti ingkang nggadhahi putra 3 : Estri- kakung-estri
utawi Pancuran kaapit sendhang
3. Putra-putrinipun
Bapak Drs. Ihksan Raharjo/Ibu Sudewi ingkang nggadhahi putra 2: Kakung-Estri
utawi Kedhana-Kedhini
4. Putranipun
Ibu Dra. Sutrisni, M.Sn. ingkang nggadhahi putra kembar
5. Putra-Putri
Ibu Supriyanti/Supriyanto, ingkang nggadhahi putra Kedhini-Kedhana
Kanthi Nyenyuwun Wonten Ngarsanipun Gusti Allah SWT
mugi-mugi para putra ingkang rinuwat sageda luwar saking saru-siku-miwah
bebenduning Gusti. Temahan dados jalma ingkang tansah pinayungan ing karahayon
miwah kabagaswaran lair-batin, lulus raharja nir ing sambekala, nir baya, nir
wikara. Amin.
Ing Wasana Bapak Sarwito Suwarno ugi boten kesupen
ngaturaken Sugeng Warsa enggal 1 Sura 1943 Dal, utawi 1 Muharram 1431 Hijriyah.
Mugi-mugi masyarakat Kutuwates
mliginipun sumarambah bangsa Indonesia tansah manggih yuwana basuki ing
salaminipun.
Wasana sugeng hamriksani pagelaran ringgit purwa
sedalu natas kanthi lampahan Murwakala ingkang badhe katindakaken dhalang Tiga Generasi inggih menika:
1. Ki Sugito
2. Ki Suratno, SH, M. H.
3. Dhalang
Cilik Cendhekia
Kanthi sinengkuyung swantenipun swarawati: Nyi Sutrisni Suborini, M.Sn;
Nyi Suratmi lan Nyi Supadmi
Miwah Karawitan ..................ingkang dipunsesepuhi
dening Bp ……………………………
Sugeng hamriksani, nuwun-nuwun. Matur nuwun.
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun, Panjenenganipun:
No comments:
Post a Comment