Tuesday, 20 October 2015

contoh pranotocaro WIWAHAN PRASAJA CARA PRASMANAN



 Hasil gambar untuk gambar mc pranotocoro
1.     PAMBUKA
·        Kasugengan, rahmat saha berkahing Allah SWT mugi tansah kajiwa kasarira sagung tamu minulya
·        Para sesepuh, para pinisepuh, para pepundhen ingkang satuhu luhuring budi
·        Para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagri pinangka pandam pandoming kawula dasih
·        Sagung tamu minulya mliginipun baraya ageng kadang besan ingkang satuhu kinurmatan
·        Kadang wredha miwah taruna ingkang dhahat trinesnan
·        Inggih awit mundhi dhawuh igkang hamengku gati nun inggih Bapak/Ibu ……….. kula kapitados ndherekaken lampahing adicara prasaja ing ri kalenggahan punika.
·        Wondene wigatosing sedya ing dinten menika Panjenenganipun Bapak/Ibu ……………………. …………………….hamboyong putra pinanganten sarimbit nun inggih ……………………. Kaliyan ………………..putra-putrinipun Bapak/Ibu ……………………. Saking laladan  ……………………inggih awit saking donga pangestunipun sagung tamu minulya  ing dinten ingkang sampun kawuri kekalihipun  sampun kawiwaha dhaup sah manut angering agami miwah negari, ndungkap dinten menika kaleres sepekenipun risang temanten sarimbit.
·        Sagung tamu minulya salajengipun keparenga kula ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun rinancang dening sagung sadaya kulawarga

2.     RANTAMAN ADICARA
·        Pambuka
·        Atur pambagya harja
·        Atur pangandikan saking kadang besan
·        Atur panampi
·        Jawat Asta (kembul bojana andrawina)
·        Panutup

Sagung tamu minulya minangka pambukaning pahargyan  ing wekdal punika sumangga kula lan panjenengan sami tumungkul ngonjukaken pandonga  wonten sahandhap pepadaning Gusti ingkang hakarya  Loka mugi salwiring gati purwa, madya, wasana tansah kalis ing rubeda , rahayu ingkang tansah tinemu kanthi ndengonga manut satataning panembah sowang-sowang. Dhumateng ingkang ngrasuk agami Islam kula dherekaken maos Basmalah, wondene ingkang hangrasuk agami sanes mugi kajumbuhna kaliyan gegebengan panjenengan. Sumangga kula dherekaken
…………………………………………………………………………………

3.     Atur Pambagya Harja

·        Sagunging para sepuh, pinisepuh, miwah sagung tamu undhangan ingkang  satuhu dhahat kinormatan, ngancik titi laksana saklajengipun inggih menika atur pambagya raharja yuwana saking panjenenganipun ingkang hamenggu Gati Bapa ……………………………sekaliyan. Namung, labet saking bombong berawaning penggalih awit nguningani rawuhipun sagung tamu minulya, Bapa ……………………….. sekaliyan ngantos boten kuwawa nyalirani matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sami, saengga kepeksa minta sraya dhumateng Bapa …………………………………pinangka talanging basa  ingkang hamengku gati. Dhumateng ngarsanipun Bapa ……………………………. Wekdal saha sasana wicara kaaturaken
…………………………………………………………….
·        Matur nuwun dhumateng panjenenganipun Bapak …………………. Ingkang sampun kepareng hamakili kulawarga Bapak ……………………….ngaturaken pambagya rawuhipun sagung tamu minulya

4.     SRAH TINAMPI
·        Bapak ibu, sagung tamu minulya, adicara ingkang angka …………………………. Inggih punika pangandikan saking kulawarga kadang besan, ingkang badhe dipun aturaken dening panjenenganipun Bapak………………………. Dhumateng panjenenganipun Bapak ……………… wekdal saha pandaya wara kaaturaken.
………………………………………………………………………
·        Makaten pangandikan saking duta saraya kadang besan aturipun Bapak ………………………… gya tinampi  Bapa ……………………….. pinangka wakilipun Bapak ………………………. Ingkang hamengku gati. Dhumateng ngarsanipun Bapak …………………………. Wekdal saha sasanawara kaaturaken sumangga.
·        Matur nuwun kaaturaken dhumateng ngarsanipun Bapak ………………… ingkang sampun hamakili Bapak ……………………. Hanampi pangandikan saking kadang besan.

5.     JAWAT ASTA – KEMBUL BOJANA
·        Sagunging para tamu kakung miwah putri ingkang dhahat kinormatan, sampun lenggah jajar sri pinanganten sarimbit esthining penggalih namung setunggal nyuwun tambahing  donga pangestu dhumateng ngarsanipun para pinisepuh, para pepundhen, sumarambah sagung tamu minulya mugi-mugi anggenipun napak bebrayan enggal sageda atut runtut rerentengan
·        pindha mimi amintuna dadosa kulawarga ingkang sakinah mawadah warahmah, miwah enggala pinaringan talining palakrama ingkang awujud pratima ingkang bangki tata jalma nenggih putra-putri  ingkang sholeh-sholehah
·        Pinangka cihna paring panjurung donga miwah pangayubagya  dhumateng risang temanten sarimbit  miwah tiyang sepuhipun, sagung tamu minulya  kalilan paring jawat asta .
·        Sasampunipun para tamu paring donga pangestu wilujeng dhumateng  risang temanten sarimbit, awit kersanipun Bapak saha Ibu …………………… panjenengan kasuwun dhahar kembul bojana handrawina kanthi mardikaning penggalih.
·        Para tamu ingkang dhahat kinormatan , sasampunipun kapenggalih cekap saha badhe ngersakaken kondur, Bapak saha Ibu …………………. Ndherekaken sugeng kondur, mugi-mugi tansah jinangkung karaharjan ngantos dumugi ndalem sowang-sowang . Sepisan malih Bapak saha Ibu ………………… ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami, awit rawuh panjenengan sedaya.

6.     ATUR SESUKAN

·        Sagunging para tamu kangge hamiyak sepining swasana miwah hangregengaken pawiwahan prasaja ing siyang menika Bapak saha Ibu …………… kepareng  nyugatakaken elekton tunggal saking ……… ingkang dipun pangarsani ………… kanthi swarawati ……………………………………………………………………………..........
Pramila sumangga sugeng nglaras kanthi sekeca
Ugi bok bilih wonten para kadang ingkng kepareng badhe paring pisumbang sekar/lagu/ tetembangan: Campursari, ndhangdhut, Pop , keroncong lan sanes-sanesipun elekton tunggal ………………………………… tansah sawega ing gati.

7.     PARIPURNA

Sagunging para pepundhen, para sepuh, pinisepuh ingkang minulya. Purwa, madya dumugi wasana pawiwahan sampun ndungkap paripurna. Awit saking menika, Bapak saha Ibu …………………………………….ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng sedaya para kadang ingkang sampun kersa paring panjurung panyengkuyung murih rancaging adicara ing siyang menika. Mbok bilih Bapak saha Ibu ……………………………. Kirang tanggap, tangguh, gupuh, aruh miwah suguh anggenipun nampi rawuh sagung tamu minulya kersaa  panjenengan ngluberaken samodra pangaksami. Semanten ugi kula ingkang kadhawuhan hanglantaraken titi laksana, tartamtu kathah cewedipun kepara kirang mranani penggalih kula namung saged matur; “Tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta sedaya lepat kawula. Pungkasaning atur : Hayu-hayu Rahayu Niskala  Wassalamu’alaikum Wr.Wb.




ajar PRANATACARA



                     Hasil gambar untuk pranotocoro                                                                  
A.   WERDINING PANATACARA
Pranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan/tugas nata   lan nglantarake acara/titilaksana  ing upacara adat (manten, sripah, lsp) utawa pasamuwan/ pertemuan kang asipat resmi/formal. Dadi lugune jejibahan atur palapuran (protocol) tumrap cak-cakaning utawa lakuning adicara. Nanging kagawa beda-bedaning jaman, papan lan kahanan tumraping upacara siji lan sijine mula ayahan pranatacara dadi mingsad-mingsed, malah uga dadi rowa (luas). Mula ayahane pranatacara banjur bisa dadi : speaker, reader, announcer, dhalang, director, manager, trainer, sutradara, assistant, master of ceremony, orator.
B.   ISTILAH/BEDHAHAN
Sebutan liya kanggo pramatacara yaiku : panatacara, panata adicara, pranata adicara, juru wicara, juru paniti laksana, pranata titilaksana, protokol, pengacara, pembawa acara, juru imbau, master of ceremony (MC).
C.   CECAWIS SANGU-SANGUNING PRANATACARA
1.   Sangu Pokok
a.     Oleh Swara       
Swara pinangka srana babaraning basa kudu kaudi supaya ulem, kung, dekung,                                           membat  mentul, kepenak dirungokake.
Ø Kedaling swara (metune swara) : tuladha ngeja abjad Jawa
Ø Ucapan; tuladha : rasa-rasane, utama-utamane, manis –manise, pendeng, rendheng, petel-pethel, lsp.
Ø Lagu (wirama)
Nyakup sora-lirih, panjang-cendheking swara, membat mentul, rikat-rindhik, lan lak-luking swara.
Lagu tumrape basa Jawa dirani dekung
b.     Olah  Basa  lan Sastra
                   Ulah Basa lan Sastra
          Basa kang digunakake pranatacara: bener, pener, becik, endah, lan
          gampang ditampa.   Basa kang becik yaiku basa kang trep panganggone.   
         Supaya trep kudu ngeling:
Ø Sapa sing guneman
Ø Sapa sing tumanggap wawan gunem/audiens
Ø Sapa /apa sing digunem
Ø Kepriye swasanane (wektu, papan, kahanan)
 Dene kawruh kasusastran nyakup: pepindhan, panyandra, wangsalan,
 parikan, tembang,    purwakanthi    Pewayangan, kawruh  
 karawitan/gendhing-gendhing upacara manten, lsp.


2.     Sangu Tambahan
a.     Olah Busana
                       Pranatacara kudu bisa ngadi busana kang bener lan pener, murwat,
                  laras karo kahanan, rapi, lan tumata panatane.
b.     Olah Raga : Prinsip Sapta-Ma      
Ø MAGATRA , Bleger wewujudan, rupa, adi ing sarira, edi ing busana; trep, pantes, luwes, jangkep.
Ø MALAKSANA, Tindak sapecak, sajangkah ditata runtut, luwes mrabawa; manteb; ora ingah-ingih, ora wigah-wigih.
Ø MAWASTHA, Ngadeg jejeg, ora kendho, ora dhoyong, sikil kiwa-tengen ora kekamban utawa keciyuten
Ø MARAGA, Ora rongeh, ora edheg, ora gumeter, anteb anteng, obahing awak, sirah, gulu lumrah samadya, obah-owahing pasemon (raut muka) nggambarake ati.
Ø MALAGHAWA, Trampil trengginas, ora remben, ngleler, ora angas gas-gasan. Cag-ceg, lancer, gancar, sembada ing karya.
Ø MATANGGAP, Tanggap ing swasana (tahu situasi dan kondisi) , bisa girang gumbira, mesem ngguyu marang kang antuk kabegjan kanugrahan, bisa kucem luyu, susah sedhih belasungkawa marang kang nandhang dhuhkita.
Ø MAWWAT, tanggap, tangguh, tanggon prapteng ngendon; mrantasi lan ngentasi gawe saka wiwitananing acara nganti pungkasan.

         3.    Sangu Penyengkuyung
a.     Mental  : amrih mentale kandel kudu akeh gladhen, biasa ngadhepi wong akeh (forum), siap materi
b.     Sekolah, kursus, maca buku bab pranata adicara
c.      Gladhen          : pranatacara kudu sregep gladhen micara murih wegig, besus micara
d.     Pangrengga swara (sound system)        : MC kudu sesambungan karo pangrengga swara bab tata papan, urutan gendhing, sasmita gendhing, lsp.
e.      Kasamaptaan (sumadhiya ing dhiri sawega ing gati)         : Pranatacara kudu siap sawanci-wanci ditimbali dening pawongan kang ngersakake murih ora nguciwani, samapta ing raga, busana, basa an wicara.
f.       Mitra tembayatan (relasi)  : kayata perias, Wedding Orgnyzer, catering, fotografer, lsp

D.   CENGKORONGAN BAKU WICARA PRANATACARA
1.     Pambuka
·        Salam pambuka
·        Sapa aruh marang tamu
·        Muji syukur mring Pangeran
2.     Maosake rantamaning adicara

3.     Nyuwun gungan supaya tamu kersa njenengi adicara saka purwa, madya tumeka wasana
4.     Ngaturake adicara siji mbaka siji kanthi wijang
5.     Panutup
·        Nyuwun pangapura yen ana cewed lan luput anggone ngacarani (kalebu nyuwunake pangapura sing hamengku gati/ panitya)
·        Nderekake ndedonga panutup
·        Salam panutup

E.    TULADHA RANTAMAN ADICARA
1.     Rantaman Adicara Rapat Pemudha Rembag 17-an
·        Kaping sepisan,  pambuka
·        Kaping kalih, Atur pambagya saking Ketua Pemudha
·        Kaping tiga , rembagan bab pengetan 17-an
·        Kaping sekawan, panutup
2.     Rantaman Adicara  Rapat Pemudha
·        Pambuka
·        Atur Pangandikan
Ø Atur pangandikan Bp. Ketua RW
Ø Atur pangandikan Ketua Pemudha
·        Pirembagan program kegiatan
·        Mancawarni (gantine tembung: Lain-lain ing Basa Indonesia)
·        Panutup
3.     Rantaman Adicara Rapat RT
·        Sapisan, pambuka
·        Kaping kalih atur pambagya saking Bapak Ketua RT
·        Kaping tiga, Rembag rukun warga sinambi asok dana saben wulan dhumateng paraga kahartan (Bendahara)
·        Kaping sekawan, arisan
·        Kaping gangsal, palaporan
·        Kaping enem, panutup
4.     Rantaman Adicara Kesripahan
·        Ingkang sepisan, pambuka
·        Ingkang kaping kalih, atur panuwun kulawarga
·        Ingkang kaping tiga, atur bela sungkawa saking para takziah
·        Ingkang kaping sekawan donga angkating layon
·        Ingkang kaping gangsal panutup
5.     Rantaman Adicara Penganten Prasaja (Sederhana/climen)
·        Pambuka
·        Atur Pambagya harja
·        Pasrah saha panampi calon penganten kakung
·        Ijab qobul
·        Sumene/ sigeg ( gantine tembung :  istirahat)
·        Pengaosan utawi wasitatama
·        Panutup



F.    CAK-CAKANE
1. Panatacara wis rawuh ing dhapukan panitya, supaya ngerti cengkorongan (garis besar) acara
2. Rawuh ing patemon sabanjure, murih ngerti :
ü Rantaman umum  mungguh lakuning prastawa (peristiwa)
ü Rantaman mligi (khusus) kang ana sambung rapete karo ayahan panatacara
3. Ngerti kepara apal urut-urutaning adicara
             4. Ngerti kanthi cetha adicara siji lan sijine. Lire ngerti peprincene:
ü Adicara apa
ü Sapa sing tanggung jawab
ü Sapa sing nindakake
ü Kepriye cak-cakane
ü Ubarampene (peralatan) apa wae
ü Kapan  wancine
          5. Panatacara bisaa ngacarani kabeh adicara kanthi apal tanpa teks
          6. Panatacara bisa mratelakake/nyebutake bab-bab kang magepokan karo adicara kanthi bener,  
                pener lan jangkep (lengkap)
          7. Panatacara melu ngenut  (mengikuti) lakuning saben adicara
          8. Panatacara tumanggap lan nuhoni karepe sing hamengku karsa
          9. Panatacara tumanggap lan nyembadani tuntunan pangarsa panitya
            10. Panatacara tansah koordinasi karo paraga liyane
            11. Panatacara tansah gawe reseping panggung/arena
            12. Panatacara tansah gawe tumataning ubarampe pahargyan
            13. Panatacara bisa gawe sengseming para tamu
            14. Panatacara  njumbuhake (menyesuaikan) metune pasugatan unjukan,
                  dhaharan lan hiburan
            15. Panatacara bisaa amurba swasana (tanggap akan situasi dan kondisi)


1.     UPACARA RUWATAN BARAYA AGENG  KI SARWITO SUWARNO
          23 Desember 2010

Para pepundhen ingkang dhahat pinundhi-pundhi
Para sesepuh, pinisepuh ingkang pantes sinudarsana
Bapak-ibu, kadang wredha, miwah kadang taruna ingkang dhahat kinurmatan

Mugi rahayu ingkang tansah pinanggih.
Sugeng pinanggih mugi kabagaswaran tansah kajiwa kasalira  ing jiwangga kula lan panjenengan sedaya
Ing dalu punika Bapak Sarwito Suwarno ujubing sedya  kepareng hanindakaken adat widi-widana ingkang sinengker ing Dhusun Kutuwates ngriki, nenggih Upacara  Ruwatan Sukerta. Wondene upacara ruwatan ing dalu punika kanthi hambabar pagelaran ringgit purwa sedalu natas kanthi lampahan  Murwakala  ingkang badhe  katindakaken dening  dhalang Ki Sugito saking Ngadisari, Karangmojo, Weru, Sukoharjo, dalah dipun sengkuyung dening  dhalang Ki Suratno, M. H. saking Semarang, miwah dhalang cilik Cendhekia saking Surakarta, Jawa Tengah.
Bapak-Ibu ingkang satuhu dhahat kinurmatan, ing dalu punika Ki Dhalang …………………………………..
Pinitados bapak Sarwito Suwarno kinen hangruwat :
1.     Putra-putri Bapak Sarwito Suwarno ingkang gunggungipun wonten 9, Kakung 4, Estri 5, kaleres wuragilipun kembar.
2.     Putra-putrinipun Bapak Drs. Suyoto/ Ibu Iswanti ingkang nggadhahi putra 3 : Estri- kakung-estri utawi Pancuran kaapit sendhang
3.     Putra-putrinipun Bapak Drs. Ihksan Raharjo/Ibu Sudewi ingkang nggadhahi putra 2: Kakung-Estri utawi Kedhana-Kedhini
4.     Putranipun Ibu Dra. Sutrisni, M.Sn. ingkang nggadhahi putra kembar
5.     Putra-Putri Ibu Supriyanti/Supriyanto, ingkang nggadhahi putra Kedhini-Kedhana

Kanthi Nyenyuwun Wonten Ngarsanipun Gusti Allah SWT mugi-mugi para putra ingkang rinuwat sageda luwar saking saru-siku-miwah bebenduning Gusti. Temahan dados jalma ingkang tansah pinayungan ing karahayon miwah kabagaswaran lair-batin, lulus raharja nir ing sambekala, nir baya, nir wikara. Amin.

Ing Wasana Bapak Sarwito Suwarno ugi boten kesupen ngaturaken Sugeng Warsa enggal 1 Sura 1943 Dal, utawi 1 Muharram 1431 Hijriyah. Mugi-mugi  masyarakat Kutuwates mliginipun sumarambah bangsa Indonesia tansah manggih yuwana basuki ing salaminipun.

Wasana sugeng hamriksani pagelaran ringgit purwa sedalu natas kanthi lampahan Murwakala ingkang badhe katindakaken dhalang Tiga Generasi inggih menika:
1.     Ki Sugito
2.     Ki  Suratno, SH, M. H.
3.     Dhalang Cilik  Cendhekia
Kanthi  sinengkuyung swantenipun swarawati: Nyi Sutrisni Suborini, M.Sn; Nyi Suratmi lan Nyi Supadmi
Miwah Karawitan  ..................ingkang dipunsesepuhi dening Bp ……………………………
Sugeng hamriksani, nuwun-nuwun. Matur nuwun.
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun, Panjenenganipun: